Tuesday, June 14, 2011

Terjemahan Al-Fatehah

1:1 بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ

1:2 الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

1:3 الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ

1:4 مَالِكِ يَوْمِ الدِّينِ

1:5 إِيَّاكَ نَعْبُدُ وَإِيَّاكَ نَسْتَعِينُ

1:6 اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيمَ

1:7 صِرَاطَ الَّذِينَ أَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ غَيْرِ الْمَغْضُوبِ عَلَيْهِمْ وَلَا الضَّالِّينَ

Jarwanipun
1. Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah tur Ingkang Maha Asih.
2. Sedaya puji punika kagunganipun Allah ingkang mangèrani alam saisinipun
3. Ingkang Maha Welas lan ugi Ingkang Maha Asih
4. Ingkang nguwasani ing dinten piwales
5. Namung dhumateng Paduka kawula manembah, lan namung dhumateng Paduka kawula nyuwun pitulungan
6. Dhuh Allah, mugi nedahaken margi ingkang leres dhumateng kawula
7. (Inggih punika) marginipun para tiyang ingkang Paduka sami paringi nikmat sanès marginipun tiyang ingkang Panjenengan paringi bendu lan tiyang ingkang sami kesasar.[1]

No comments:

Post a Comment