Tuesday, September 20, 2011

Surat At-Takatsur

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
أَلْهَٮٰكُمُ ٱلتَّكَاثُرُ ﴿١﴾ حَتَّىٰ زُرْتُمُ ٱلْمَقَابِرَ ﴿٢﴾ كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُونَ ﴿٣﴾ ثُمَّ كَلَّا سَوْفَ تَعْلَمُونَ ﴿٤﴾ كَلَّا لَوْ تَعْلَمُونَ عِلْمَ ٱلْيَقِينِ ﴿٥﴾ لَتَرَوُنَّ ٱلْجَحِيمَ ﴿٦﴾ ثُمَّ لَتَرَوُنَّهَا عَيْنَ ٱلْيَقِينِ ﴿٧﴾ ثُمَّ لَتُسْـَٔلُنَّ يَوْمَئِذٍ عَنِ ٱلنَّعِيمِ ﴿٨﴾

Bismi Al-lahi al-r-Rahmani -al-r- Rahimi
Alhakumu al- t-takathuru
Hatta zurtumu al-maqabira
Kalla sawfa ta'lamuna
Thumma kalla sawfa ta'lamuna
Kalla law ta’lamuna 'ilma a l-yaqini
Latarunna al-jahima
Thumma latarawunnaha 'ayna a l-yaqini
Thumma latus-alunna yawma-idhin ani al -n-na 'imi

Jarwanipun

Sumugih iku nglalekake anggonira ngabekti ing Allah.
Nganti tekan anggonira ngalih marang kubur.
Anggonira sumugih iku luput, ing tembe sira mesthi weruh nyatane.
Luput temenan panemu ira, ing tembe sira weruh temenan nyatane.
Temen, menawa sira weruh ilmu kang nyata mesthi ora lali ngabekti ing Allah.
Ing tembe sira mesthi andeleng neraka jahim.
Handeleng kelawan kasat mata.
Sira banjur didangu sarupaning kabungahan paparinging Allah nalika ing donya, ya gene ora padha syukur?

No comments:

Post a Comment